Sabtu, 07 Agustus 2021

CONTOH TEKS MC WALIMATUL 'URSY BASA JAWA


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

الحمد لله عَلَى مَا أَكْمَلْتَ لَنَا مِنْ دِيْنِ الإِسْلاَمِ، نحمده ونستعينه ونستغفره ونتوب اليه، ونعوذ بالله  من سرور أنفسنا ومن سّيئات أعمالنا، من يهد الله فلا مضلّ  له  ومن يضل له  فلا هادي  له .أشهد ان لا اله الا الله وحده لا شريك له، وأشهد أن محمّدا عبده ورسوله. وقال الله تعالى في القران العظيم "أعوذ بالله من الشيطان الرجيم، ومن أيته ان خلق لكم من أنفسكم أزواجا لتسكنوا إليها وجعل بينكم مودة و رحمة، إن فى ذلك لأيت لقوم يتفكرون. فَقَدْ قَالَ النَّبِيُّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: مَنِ اسْتَطَاعَ مِنْكُمُ البَاءَةَ فَلْيَتَزَوَّجْ. صدق الله العظيم وصدق رسول الله الكريم .أما بعد

Dumateng para alim ulama ingkang tansah kawula ta’ati, dumateng para sesepuh lan pinisepuh ingkang tansah dahat kinabekten, para penderek pinanganten kakung / putri saking tlatah ………… ugi para tamu undangan kakung sumawana putri ingkang satuhu dahat kinurmatan.

Minangkani purwokaning atur, kawulo ngajak dumateng kawulo pribadi, lumeberipun dumateng panjenengan sami, sumonggo kito sesarengan ngaturaken raos puji tasakur wonten ngarsonipun Alloh SWT kanti Biqaulina Alhamdulilahirabbil ‘Aalamiin katitik wonten kalodangan puniko kito saget hanglogar aken penggaleh kempal manunggal wonten dalem pahargian/pawiwahan meniko, kanti pengajap soho hamungel raos hangestrani wontenipun adicoro Walimatul ‘Ursy kanti pinayungan karaharjan mboten wonten alangan setunggal punopo.

Sholawat sinareng salam mugi tansah kunjuk katur wonten ngarso dalem junjungan kito nabiyuloh Nabi agung Muhammad SAW,  mugi-mugi kito sedoyo kalebet umat ingakang bade angsal syafa’at ipun wonten yaumil akhir. Aamiin

Dumateng para tamu undangan kakung sumowo putri ingkang tansah dahat kinurmatan, wonteng ing wismo pawiwahan menika, selaku pranoto adiccoro wonten ing enjang menika, pramila kawula badhe ngaturaken menggah ingkang dados rantamaning adicoro ingkang sampun rinacik inggih punika:

1.             Atur pambuka

2.             Waosan ayat2 suci Al-Quran

3.             Atur pasrah lan panampi

4.             Wedhar sabdo (Mauidhoh Hasanah)

5.             Do’a

 

Mekaten menggah tata rakiting adicara pawiwahan ingkang sampun rinakit. Kanthi lilaning penggalih, sumonggo kulo dereaken adichoro ingkang binukho, kanthi waosan suratul fatihah, ing panganjad mughiyo lampahing adicara pawiwahan meniko awit purwo dumugining wusono tansah pinaringan rahayu tebih nir ing sambikolo, ugi pikantuk ridho saking Allah SWT, lan khususipun dhumateng pinangantin sarimbit mugi2 dipun dadosaken keluargo ingkang sakinah, mawaddah wa rahmah.

LI RIDLOLLOH WA BISYAFA'ATI ROSULILLAH WA 'ALA HADZIHIN NIYAH AL-FATIHAH

Dumawah adicara ingkang angka kalih inggih punika waosan kitab suci al-Qur’an, ingkang badhe kaaturaken dening panjenenganipun Ust. .............................. Wekdal kasumanggaaken.

 صَدَقَ اللهُ العَظِيْمِ وَصَدَقَ رَسُوْلُهُ الْكَرِيْمُ وَنَحْنُ عَلَى ذَالِكَ مِنَ الشَّاهِدِيْنَ وَالشَّاكِرِيْنَ

Kanthi waosan kolowau mughiyo tansah lumeber barokah lan manfaat, khususipun dumateng Qori’, lan umumipun sumrambah dumateng kawula, dalah panjenengan sami.

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan

Kalajengaken adicara ingkang angka tiga, inggih punika atur pambagya pasrah pinanganten putra saking panjenenganipun bapak ........................ saking tlatah .................... ingkang sulih saliro, ingkang piniji wekdal soho panggenan kaaturaken.

Kanthi prastawa cetha wijang wijiling pangendikan atur pambagya pasrah saking kadang besan, sarono badhe katampi dening keluarga bapak ....................... ingkang mangku gathi. Anamung kandek wonten samudyaning jonggo, ing puniko dipun sulih saliro dhumateng panjenenganipun Bapak ............................., wekdal kasumanggaaken.

Kanthi tatas tetes lan titisipun lampahing adicoro awit purwo dumughining madyo puniko, mboten ingkang kalempit, adicara dereng dumawah paripurno, sak lajengipun sumonggo kita midangetaken wedhar sabda ingkang tumuju kesaenan, (+ saha barokah Do’a) ingkang badhe dipun dawuhaken dening panjenenganipun al-mukarom ...................................... Wekdal kaaturaken.

Mekaten kala wau kanthi purnaning do’a, adicara pahargyaan pawiwahan walimatul ‘Ursyi wonten ing palenggahan punika sampun dumugining wusana, mugi2 kitha sedaya tansah pinaringan rahayu, wilujeng, slamet widada nir ing sambikala, lan khususipun dumateng pinanganten sarimbit mugi2 kaliyan Allah SWT dipun dadosaken kaluarga ingkang sakinah, mawadddah, warohmah. Saking kawulo ingkang piniji pambiwara tata adicara, menawi wonten kekirangan saha kekhilafan ingkang mboten nuju prana mungguhipun sastra, basa tuwin subasita, awit purwa dumugining madya, dalah nyuwun agunging samudra pangaksami.

والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته