السلام
عليكم ورحمة الله وبركاته
الحمد
لله عَلَى مَا أَكْمَلْتَ لَنَا مِنْ دِيْنِ الإِسْلاَمِ، نحمده ونستعينه ونستغفره
ونتوب اليه، ونعوذ بالله من سرور أنفسنا
ومن سّيئات أعمالنا، من يهد الله فلا مضلّ
له ومن يضل له فلا هادي
له .أشهد ان لا اله الا الله وحده لا شريك له، وأشهد أن محمّدا عبده ورسوله.
وقال الله تعالى في القران العظيم "أعوذ بالله من الشيطان الرجيم، ومن أيته
ان خلق لكم من أنفسكم أزواجا لتسكنوا إليها وجعل بينكم مودة و رحمة، إن فى ذلك
لأيت لقوم يتفكرون. فَقَدْ قَالَ النَّبِيُّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ
وَسَلَّمَ: مَنِ اسْتَطَاعَ مِنْكُمُ البَاءَةَ فَلْيَتَزَوَّجْ. صدق الله العظيم وصدق رسول الله الكريم .أما بعد…
Dumateng para alim ulama ingkang tansah kawula
ta’ati, dumateng para sesepuh lan pinisepuh ingkang tansah dahat kinabekten, para
penderek pinanganten kakung / putri saking tlatah ………… ugi para tamu undangan kakung
sumawana putri ingkang satuhu dahat kinurmatan.
Minangkani purwokaning atur, kawulo ngajak dumateng
kawulo pribadi, lumeberipun dumateng panjenengan sami, sumonggo kito sesarengan
ngaturaken raos puji tasakur wonten ngarsonipun Alloh SWT kanti Biqaulina
Alhamdulilahirabbil ‘Aalamiin katitik
wonten kalodangan puniko kito saget hanglogar aken penggaleh kempal manunggal
wonten dalem pahargian/pawiwahan meniko, kanti
pengajap soho hamungel raos hangestrani wontenipun adicoro Walimatul ‘Ursy kanti
pinayungan karaharjan mboten wonten alangan
setunggal punopo.
Sholawat sinareng salam mugi tansah kunjuk katur
wonten ngarso dalem junjungan kito nabiyuloh Nabi agung Muhammad SAW, mugi-mugi kito sedoyo kalebet umat ingakang
bade angsal syafa’at ipun wonten yaumil akhir. Aamiin
Dumateng para tamu undangan kakung sumowo putri
ingkang tansah dahat kinurmatan, wonteng ing wismo pawiwahan menika, selaku
pranoto adiccoro wonten ing enjang menika, pramila kawula badhe ngaturaken
menggah ingkang dados rantamaning adicoro ingkang sampun rinacik inggih punika:
1.
Atur pambuka
2.
Waosan ayat2 suci
Al-Quran
3.
Atur pasrah lan panampi
4.
Wedhar sabdo (Mauidhoh Hasanah)
5.
Do’a
Mekaten menggah tata rakiting adicara pawiwahan
ingkang sampun rinakit. Kanthi lilaning penggalih,
sumonggo kulo dereaken adichoro ingkang binukho, kanthi waosan suratul fatihah,
ing panganjad mughiyo lampahing adicara pawiwahan meniko awit purwo dumugining
wusono tansah pinaringan rahayu tebih nir ing sambikolo, ugi pikantuk ridho
saking Allah SWT, lan khususipun dhumateng pinangantin sarimbit mugi2 dipun
dadosaken keluargo ingkang sakinah, mawaddah wa rahmah.
LI RIDLOLLOH WA BISYAFA'ATI ROSULILLAH
WA 'ALA HADZIHIN NIYAH AL-FATIHAH
Dumawah adicara ingkang
angka kalih inggih punika waosan kitab suci al-Qur’an, ingkang badhe kaaturaken
dening panjenenganipun Ust. .............................. Wekdal
kasumanggaaken.
صَدَقَ اللهُ العَظِيْمِ وَصَدَقَ رَسُوْلُهُ الْكَرِيْمُ
وَنَحْنُ عَلَى ذَالِكَ مِنَ الشَّاهِدِيْنَ وَالشَّاكِرِيْنَ
Kanthi waosan kolowau
mughiyo tansah lumeber barokah lan manfaat, khususipun dumateng Qori’, lan
umumipun sumrambah dumateng kawula, dalah panjenengan sami.
Para
rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan
Kalajengaken adicara ingkang angka tiga, inggih
punika atur pambagya pasrah pinanganten putra saking panjenenganipun bapak ........................ saking tlatah .................... ingkang sulih saliro, ingkang
piniji wekdal soho panggenan kaaturaken.
Kanthi prastawa cetha wijang wijiling pangendikan
atur pambagya pasrah saking kadang besan, sarono badhe katampi dening keluarga
bapak ....................... ingkang mangku gathi. Anamung kandek wonten
samudyaning jonggo, ing puniko dipun sulih saliro dhumateng panjenenganipun
Bapak ............................., wekdal kasumanggaaken.
Kanthi tatas tetes lan titisipun lampahing
adicoro awit purwo dumughining madyo puniko, mboten ingkang kalempit, adicara
dereng dumawah paripurno, sak lajengipun sumonggo kita midangetaken wedhar
sabda ingkang tumuju kesaenan, (+ saha barokah Do’a) ingkang badhe dipun dawuhaken dening panjenenganipun
al-mukarom ...................................... Wekdal kaaturaken.
Mekaten kala wau kanthi purnaning do’a, adicara pahargyaan pawiwahan walimatul ‘Ursyi wonten ing palenggahan punika sampun
dumugining wusana, mugi2 kitha sedaya tansah pinaringan rahayu, wilujeng,
slamet widada nir ing sambikala, lan khususipun dumateng pinanganten sarimbit
mugi2 kaliyan Allah SWT dipun dadosaken kaluarga ingkang sakinah, mawadddah,
warohmah. Saking kawulo ingkang piniji pambiwara tata adicara, menawi wonten
kekirangan saha kekhilafan ingkang mboten nuju prana mungguhipun sastra, basa tuwin subasita, awit purwa dumugining madya, dalah nyuwun agunging samudra pangaksami.
والسلام
عليكم ورحمة الله وبركاته

Tidak ada komentar:
Posting Komentar